Pengikut

Selasa, 19 Maret 2013

Penatacara Bahasa Jawa


            Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuhu,
            Dhumateng para pinisepuh ingkang satuhu luhuring kawruh, Ibu penyuluh penyakit demam berdarah ingkang kinabakten, Ketua Panitia adicara Penyuluhan Demam Berdarah ingkang kinurmatan, Kepala Desa saha perangkatipun ingkang satuhu luhuring budi. Para Bapak saha Ibu minangka tokoh masyarakat ing tlatah Padukuhan Petamburan ingkang tansah kula hormati. Mboten supe mudha-mudhi pengurus Karang Taruna “Bakti Petamburan” ingkang winantu kabegyan.
Sepindah monggo kita aturken raos puji syukur kita dhumateng Gusti ingkang Maha Asih, awit saking kanugrahanipun ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan dhumateng kita saengga kita saged makempal wonten ing papan panggenan menika kanthi mboten wonten pambengan satunggal menapa.
Sholawat dalah salam mugi-mugi kunjuk dumateng Nabi Muhammad SAW. ingkang sampun mbketo umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah ingkang kita raosaken sak meniko, saha ingkang kito antu-antu syafaatipun wonten yaumil Qiyamah Amin.
Wonten mriki kawula minengkani pranata hadicara badhe maosaken susunan acara wonten siang  puniko, inggih menika :
1.      Pambuka
2.      Sambutan saking Ketua Panitia Penyelenggara
3.      Sambutan saking Kepala Desa Petamburan
4.      Acara inti
5.      panutup

Para bapak, para ibu saha para sedherek sedaya ingkang tansah kinurmatan, sumangga adicara pepanggihan ing titiwanci punika tumunten kita wiwiti. Minangka pambuka adicara, sumangga kita purwakani kanthi sareng-sareng ndedongan kanthi nenuwun lan nyenyuwun dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal basmallah, kula ndherekaken.
(Bismillaahirahmanirrohiim)
Hadhirin Hadhirot engkang minulyo, acara sak lajengipun inggih puniko sambutan.
Sambutan ingkang sepindah sangking Ketua Panitia adicara Penyuluhan Demam Berdarah. Dumateng
Ibu Fitri Khaenul Latifah  kita sumanggaken.... Kita aturaken agunging panuwun dumateng panjenenganipun Ibu Fitri.
Kita lajengaken acara kaping tiga inggih punika sambutan saking Kepala Desa Petamburan. Dhumateng Ibu Nur Laely, kita sumanggaken...
Makaten sambutan saking Ibu Kades.
Dilajengaken acara ingkang saking sekawan inggih menika acara inti. Dhumateng Ibu Fiyya Qoimatul Lailina selaku penyuluh, mangga kita aturaken... makten
Sak derengipun acara ing siang puniko kita tutup, kula ing mriki sak dangunipun ndereaken acara ing siang punika kathah keklintuanipun kulo nyuwun agungeng samudro pangarsami.
Mangga acara ing siang puniko kito tutup kanthi sareng-sareng maos TAHMID.
(Alhamdulillahirabbil’alamin)
Wassalamu’alaikum Waramatullahi Wabarakatuhu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar